Ingkang Katresnan
Bismillahirrahmanirrahim.
Alhamdulillahi Rabbil 'alamin.
Allahumma shalli wasallim 'ala sayyidina Muhammad, wa 'ala aalih washohbih.
# Puisi didamel dening: Ellenia Annisa, nalika taksih wonten kelas XII SMA (27/ 9/ 2015).
__________________________________________________
Tresnaku ingkang gedhe marang sliramu.
Bektiku ingkang tansah dak utamakake.
Boten kesupen nalika isih jaman rumiyin.
Tresna asih ingkang dipunparingi kangge kula kalih sedherek kangmas.
Kesabaran ingkang sanget sae kedah kula dadosaken teladan.
Panjenengan margi kula menyang nirwananipun Gusti.
Kayata surya wonten ing angkasa.
Tresnamu terus maringi cahya cinta lan ademing suasana
Tresnamu kayata rembulan.
Ingkang terus ngademke ati nalika dakpandang.
Ridhomu punika disandingaken ridhonipun Gusti.
Donga ingkang tansah kula kirim.
Mugi Gusti paring kasarasan.
Dumateng panjenengan ingkat katresnan.
Bapak lan Ibu.
Donga ingkang tansah kula kirim.
Mugi Gusti paring kasarasan.
Dumateng panjenengan ingkat katresnan.
Bapak lan Ibu.
_______________________________________
Hehe,, sekali-kali ndakpapa yahh.. Nostalgia dengan tulisan-tulisan semasa SMA..
Komentar
Posting Komentar